Selasa, 26 April 2011

Mbuang Sampah Ning panggonane Wae Kok Angel!!!!

Posted by Akbar On 11.07 No comments

Pancen sampah ki dadi masalah nomor utama ning Indonesia saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana Jakarta, nanging wong Indonesia isih ora gelem sadhar yen mbuang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buang. Padahal, Indonesia iku termasuk negara kang nyediani tempat sampah ana ngendi-ngendi. Wis ngono le mbuang wae ora sah kudu milah-milah sampah daur ulang, sampah basah, apa sampah umum. Penak! gari plung..beres!

Opo maneh neng sekolahanku, bocah-bocah saiki wes ora nduwe kesadaran babar blas, tor yo angel kandanane!! kabeh dho mung ngandalke tukang sapu, malah luweh-luweh senengane ngregeti neng njero kelas. jan "tobat tenannnn" (Karo ngelos dhadha).

Akeh wong isih sok ngaitake tingkat pendidikan karo kesadaran membuang sampah. Yen menurutku kaitane sithik, ora linear. Buktine isih akeh penumpang-penumpang mobil pribadi ana jalan tol sing mbuang sampah sembarangan.

Cilakane meneh sampah sing dibuang metu jendela iku plastik kang isine utah-utahan (wong muntah). Aku wis tau ketiban plastik kaya ngono kuwi lan wutah ana ing kaca ngarep, nutupi pandangan sopir. Lak yo mbebayani to?

Yake pancen kabeh peraturan ki kudu ana ancamane. Saka mbuang sampah, peraturan lalu-lintas, lan saliya-liyane. Hahaha. Salah sithik gebuk! Buktine ana kampungku tulisan “Pelan-pelan, banyak anak kecil” isih ora medeni tukang kebut-kebutan. Luwih efektif nganggo tulisan “Ngebut benjut!” .

0 Coment:

Posting Komentar

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Akbar de Nayaka. Diberdayakan oleh Blogger.