Rabu, 20 Juli 2011

Jugruge Idheologi Kepemimpinan Jawa

Posted by Dena On 17.54 No comments

BOLA-BaLI idheologi kepemimpinan Jawa jugrug. Saben-saben idheologi luhur mau (digawe) lara merga diregedi dening sapa wae sing nuruti hawa nepsu, pengin ngemperi jagad. Akibat rontoge idheologi kepemimpinan mau, tata kaprajan ing kuthagara iki kerep remuk. Buktine, angger ana perkara sing nggepok wong gedhe, priyayi idheologi kepemimpinan Jawa kang sejati, ambrol.
 
Wong cilik pijer dikuciwakake. Iku tlutuhe konsep pemimpin Jawa sing kleru negesi idheologi wenang misesa sanagara. Tegese, pemimpin wenang nguwasani apa wae, nganti perkara ukum adil sok mentah mateng. Ukum bisa lip-stik, di-tipe-ex, diskenario; kabeh sarwa nyandiwara, ora nuduhake dununge batin kang resik.Tundhone, gegebengan pemimpin sing manut Pangeran Puger minangka warananing Allah, kerep dislewengake.


Pemimpin sing dianggep badal wakiling Hyang Widhi, asring dicakake kanthi sapekolehe. Tlonjonge, pemimpin sok duwe hak apa wae tumrap negara najan dheweke kuwi kleru, ana boroke, merga wenang sok nguja mumpung. Mula seka kuwi, yen nggadhang pemimpin Jawa kang ngugemi cekelan Asthabrata, kaya kang kaemot ing Serat Rama, Serat Tumuruning Wahyu Maya, lan Serat Nitisruti, tangeh lamun. Angel banget kecekele yen golek pimpinan sing pengawak dewa wolu.

 Selagine nemu pemimpin sing duwe watak Dewa Brama, ngadili sapa wae kanthi pas wae adoh sungsate, apameneh kudu nguwasani dewa wolu. Mangka, yen pemimpin ngugemi ambeg dewa wolu mau, jane bisa nggayuh pemimpin agung binathara, mbahu dhendha nyakrawati. Tegese, panguwasane kaya dewa, wicaksana, ngendhaleni ukum adil (ora malah ngorak-arik ukum), lan nguwasani negara kanthi becik. Negara dadi kencar-kencar, agung wibawane, dawa kuncarane, jembar ├Čjajahane├«, digdaya tanpa mantra, lan sugih sanak kadang. kuwi pemimpin Jawa sing kajawi. Jawa kang piniji, pinilih. Uga piningit! Ateges, sipat kandele nyekel pusaraning praja pancen diugemi temenan. Ya ngono iku pemimpin sing sekti mahambara. Dheweke sekti tanpa aji, menang tanpa ngalahake, lan bisa nglurug tanpa bala. Sajrone nyekel bang-bang aluming praja, dheweke dadi keblat, lan bisa ngembat watang aputung ngejum kumbala ruwet.

 ANEHE, ngluru pimpinan Jawa sing (isih) tus satriya pinilih, jan nglengkara ing dhetik iki. Ing era reformasi minulyane pemimpinan sing dikekudang para luhur ambyar? Pepoyane KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Wedhatama, kang sesanti "nuladha laku utama tumrape wong tanah Jawi wong agung ing Ngeksiganda", remuk dadi sewalang-walang. Ujare, Panembahan Senapati kuwi priyayi luhur kang dhemen teki-teki (prihatin). Ing jaman ngene iki sajake langka ketemune. 

 Adate, yen ana pemimpin sing dhemen prihatin ora kok kanggo negara, ning malah kanggo nggedhekake puluk. Kanggo pribadi, kelompok, lan kronine. Buktine, ing bumi kinasih iki KKN wis dadi budaya. Ngembyah. Ing bumi perdikan iki, KKN malah dipoles alus-alusan, dha katut edan kuwatir yen ora keduman, kabeh kudu rasan sagedibal-gedibale. Tan wurunga, yen kebacut kena masalah, njur dha siyaga nutupi siji lan sijine. Yen ngono iku, ateges pemimpin sing uga kena diarani pepundhen jan sewu siji.
 
Pemimpin sing pethingan, sing kawulane gelem rumangsa dosa, wedi kuwalat yen nerak angger-anggering praja. Luwih ngenes meneh nalika Depdikbud/Depdiknas saben-saben uga ngulur sesantine Ki Hadjar Dewantara, ambles bles! Nyatane, endi saiki pemimpin sing bisa lambaran ing ngarsa sung tuladha-ing madya mangun karsa-tutwuri handayani? Akhire kari unen-unen sing ampuh, ning ora kesengguh ta?Tuladha pemimpin sing resik tur mibawa, sinuyudan para kawula, kaya-kaya mung tinemu ing crita ngayawara. Yen ngono, kapan para kawula kon panekare becik-becik (nyilih istilahe R Ng Ranggawarsita), yen pemimpin dha dadi pesakitan. Tekan kene wae, lha kok kudu kukur-kukur sirah. Mula, ora jeneng mokal yen kawulane uga arang sing wedi asih (sutresna) lan tepa selira marang pemimpine.
 
Ora perlu kaget yen wong cilik dha wiwit kesambit, njur nungkak krama, gedhene tekan mbalela, iku wajar. Akibate, manunggaling kawula-Gusti antarane wong cilik-wong gedhe kari pong-pong bolong endhog merak endhog sapi. Mula, yen kudu nggadhang pemimin sing pancen ketiban ndaru lan kecondhokan wahyu maningrat, jan repot. Sebab, pemimpin sing kesinungan wahyu, seka Kang Gawe Urip, lantaran kawulane. Ora kudu nyalon-nyalonake, nganti rebutan kursi, mbeseli ndhuwuran, lan sapiturute. Ning pemimpin mau kaya-kaya wis pulung. Dheweke duwe rasa, batin kang jero kanggo ndhepani negara. Dheweke uga duwe ati segara, bisa asah asih asuh marang kawulane.
 
Suwalike, yen pancen kleru, (wani) ndhadha lupute, gelem watak sungkan, rikuh, lan pekewuh kanggo tumindak sing reged. Kang diudi, ora liya meneh kejaba slamete negara.Sesanti sing diungalake pemimpin kang kewahyon, yaiku sepi ing pamrih rame ing gawe, memayu-hayuning bawana. Coba ditintingi, apa idheologi pemimpin Jawa utama ngono isih lumaku? Yen wis kopong, paling ora ya idheologi pemimpin Jawa madya. Yen sing ana, idheologi nistha, bakal gogrog lancure jaman iki. Ora bakal tuwuh nylandri.

0 Coment:

Poskan Komentar

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Diberdayakan oleh Blogger.